Busana Jawi
14 Oktober 2019 0 Kali Dibaca Berita Desa

Busana Jawi

Warta Basa Jawi.

Senin Pahing 14 Oktober 2019

Pinangka Desa Budaya ingkang sampun dipun tetepaken dening Gubernur DIY,Seloharjo tan saya sengkut anggenipun paring Fasilitas dateng warga Pedusunan,Lurah Desa Seloharjo Badrun Setu kliwon 12 Oktober 2019 maringaken busana Jawi dhateng Dusun Dusun ing wewengkon Seloharjo.

Ing pangajab pedusunan menawi badhe nggadhahi hajad ingkang gayut kaliyan kabudayan jawi kados merti Dusun utawi upacara sanesipun saampun mboten bingung anggenipun badhe pados sewan Busana Jawi Jangkep.

Saben Pedusunan pikantuk pambiyantu busana jawi cacah gangsal welas ( 15 ) pengadeg, kaperang saking Surjan 15,Jarik 15,lan Blangkon 15.

 

Kirim Komentar

CAPTCHA Image