Festival Kethoprak antar Kabupaten Kota Se-DIY
Warta Basa Jawi.
Senin Pahing ,14 Oktober 2019
Nyuwun donga,pangestu lan panyengkuyungipun warga Masyarakat Seloharjo ,Kecamatan Pundong lan Warga Kabupaten Bantul benjang
Dinten : Selasa pon 15 Oktober 2019
Wanci : Tabuh 19.30 Wib
Papan : Gedung Sosietet Taman Budaya Yogyakarta
Kontingen Kabupaten Bantul ingkang dipun paragani para wiranem majeng ing festival Kethoprak antar Kabupaten/Kota se DIY,kalebet Desa Budaya Seloharjo ugi ngintun paraga kethoprak cacah pitu ( 7 ) saking para mudha Seloharjo.Ing tahun punika Kab Bantul mendhet lampahan " Ndhepani Bumi Perdikan ".
Ing pangajab para mudha Kabupaten Bantul saged sasap lan pikantuk nomer ingkang alit,lan saged ndudud manah saha krenteg para mudha tansah gegulang seni budaya kethoprak.
Ampun kesupen njih,,,,kasuwun donga lan panyengkuyung saha rawuhipun....gratis mboten wonten bea mlebet.
Kirim Komentar