Wong Tuwa Bisa Tutur,uwur Lan Sembur
24 Oktober 2019 Administrator 0 Kali Dibaca Berita Desa

Wong tuwa bisa tutur,uwur lan sembur

Darmane wong tuwa marang anak,yaiku nggulawentah rikala lair nganti tekane dewasa (mardisiwi)

1.Tutur,ateges menehi pitutur becik kanggo sanggu leladi ana ing alam bebrayan agung ngadepi jantrane jaman.

2.Uwur,ateges sangu,ora amung brana picis nanging bisa wujud kapinteran sing tumanjane kanggo ngadhepi urip neng bebrayan.

3.Sembur,ateges wong tuwa kudu tansah paring donga pamuji marang putra putrine nalika wus mbangun kulawarga,ing kana ora ana pedhote taline katrwsnan antarane wong tuwa marang putra putrine.Matur suwun seloharjo 24/10/2019.

Kirim Komentar

CAPTCHA Image