PENTAS SENI FASILITASI KEBUDAYAAN
28 Oktober 2019 0 Kali Dibaca Berita Desa

PENTAS SENI FASILITASI KEBUDAYAAN

Senin 28 Oktober 2019.

 

Pemerintah Kecamatan Pundong pikantuk sampur dana pagelaran seni,ing Tahun punika dipun pentasaken seni Jathilan wonten ing papan Wisata Gua Jepang Mrangi Seloharjo .

Ing pangajab kanthi wontenipun pagelaran punika sak sanesipun pancen nguri-uri ,ngurip-urip seni lan Budaya ugi kagem nyedot daya tarik wisatawan ingkang sami rawuh ing papan punika.

Kasi Pelayanan Seloharjo Sudarminto S.pd ngendikaken bilih sampun pas lan trep yen pagelaran punika dipun gelar ing Seloharjo Khususipun Gua Jepang,kejawi Desa Seloharjo kalebet Desa Budaya ugi kagem panglipur para wisatawan ugi,kanyata kanthi wontenipun pagelaran menika kathah sanget wisatawan ingkang sami rawuh mriksani pagelaran ugi para wisatawan saged ngenggar enggar penggalih ningali swasana alam ing pucuking redi mrangi.

 

Kirim Komentar

CAPTCHA Image