APEL SENIN
Senin Pon, 04 November 2019
Saben dinten Senin Pamong Desa lan Staff Desa Seloharjo ngawontenaken apel enjang, apel punika kagem paring informasi menapa kemawon dhateng para pamong lan staff kalebet yen wonten dhawuh utawi program saking Pemerintah Kabupaten lan sak panunggalanipun.
Apel dipun wiwiti tabuh 07.45 Wib dumugi tabuh 08.00 Wib,lan punika dipun wajibpaken dhateng sedaya Pamong Desa Seloharjo.
Pinangka Pembina utawi pangarsaning apel injing punika Tuwadi S.pd Kaur Keuangan ,ngaturaken bilih batas pembayaran PBB sampun meh paripurna,ingkang dereng saged bayar enggal kasuwun bayar dhateng loket layanan layanan pajak,ugi saged dipun titipaken dhateng Kaur Keuangan.
Kirim Komentar