PISANG SANGGAN PANEBUS PANGGIH MANTEN
04 November 2019 0 Kali Dibaca Berita Desa

PISANG SANGGAN PANEBUS PANGGIH MANTEN

Pisang sanggan,ingkang dumados saking pisang raja,mengku pralampita mugya risang pinanganten kadunungan sipating raja,ingkang berbudi bawa leksana asih marang sepada pada.

Tinengeran uba rampe sekar sepelik ganten wangen ingkang awujud sekar sedhah, sekar- sedyaning karep,awit manunggaling sedya rama lan ibu netepi darmaning asepuh.

Sedhah-suruh,pralampita tan kendhat ngangsu kawruh,tansah mangasuh mingising budi awit ngrumaosi bilih datan gampang gesang ing madyaning bebrayan agung.

Benang lawe,pasrah sumarah marang purbaning gusti kang maha wenang.

 

menika sekedhik werdi pisang sanggan ingkang saben wonten ing acara panggih manten dipun wonteni pasrah lan panampi pisang sanggan,saking tiyang sepuh temanten kakung dipun paringaken tiyangsepuh penganten putri.

 

Kirim Komentar

CAPTCHA Image