GOTONG ROYONG MBANGUN NDESA
11 November 2019 0 Kali Dibaca Berita Desa

GOTONG ROYONG MBANGUN NDESA

Senin Kliwon ,11-11-2019

 

Gotong royong ,utawi prayakan taksih tansah dipun leluri para warga ing Seloharjo.Kanthi program padat karya saking Dinaskertran Kab Bantul lumantar Pemerintah Desa ingkang dipun pandhegani Lurah Desa Seloharjo Badrun,ing pangajab sedaya pembangunan saged dipun tindaaken sedaya warga sahengga jumbuh kaliyan paringipun Pemerintah.Ing tahun Punika Desa Seloharjo pikantuk program saking Dinaskertran 6 titik .

Kanthi wontenipun program menika saged migunani dhateng sedaya warga,ingkang mboten gadhah pedamelan mapan saged ndherek wontenipun program padat karya punika,awit tujuan pemerintah paring program menika kagem pemberdayaan warga ingkang mboten kagungan pedamelan ajeg.

Kirim Komentar

CAPTCHA Image