Purnakarya Linmas Desa Seloharjo
Senin Pahing , 18 November 2019.
Sampun 40 tahun langkung ,para linmas Desa Seloharjo ndherek ngabdi ing masyarakat,kawiwitan saking KAMRA,HANRA,HANSIP,ngantos sak menika dados Linmas.
Pait lan getir sampun dipun lampahi dening para linmas menika,saben saben pemilu menapa kemawon mesthi njagi ketentreman ing TPS,mboten namung menika,para linmas ugi tansah siyaga ing dhiri samekta saben dinten supados ndamel katentreman warga.
Lan ing dinten jemuah wage surya 15 November warsa 2019,para linmas ingkang sampun ndungkap yuswa,kasuwun ngaso lan supados dipun gantos engkang anem, ing wekdal punika pemerintah Desa Seloharjo lumantar Lurah Desa Badrun,namung saged paring piagam lan sekedhik bebungah pinangka tanda pakurmatan lan atur panuwun dhateng para linmas ingkang sampun ngemban jejibahan sak laminipun kirang langkung 40an tahun menika. Sak lajengipun para Linmas sak mangke nipun dipun gantos para mudha kagem nglajengaken perjuangan kagem Seloharjo sak pengajengipun.
Kirim Komentar