MANGAYUBAGYA DINTEN GURU INDONESIA
25 November 2019 0 Kali Dibaca Berita Desa

MANGAYUBAGYA DINTEN GURU INDONESIA

Senin wage , 25 Nopember 2019

Pucung,

Ngelmu iku

Kalakone kanthi laku

Gampang tumrap siswa

kang tlaten sregep mangudi

Ngudi ngelmu,tansah nyanding buku wacan

Pemerintah Desa Seloharjo ndherek mangayubagya dinten Guru ing surya 25 nopember 2019,mugi kanthi dipun pengeti dinten guru punika ing pangajab kwalitas lan kwantitas guru tansaya sae,kagem nularaken ngelmu dhateng sedaya putra murid ing bumi Indonesia Punika.

Jumbuh kaliyan cakepan sekar pucung ingkang kaserat,mugi para murid ugi tansah nggatosaken sedaya piwucal para guru, awit pinter lan kabisaning para putra mboten namung gumantung saking guru,ananging ugi para siswa ugi kedah grengseng anggenipun sinau.

 

Kirim Komentar

CAPTCHA Image