PENINGKATAN KAPASITAS PAMONG DESA SELOHARJO
Setu Paing 23 Nopember 2019
Kawiwitan dinten setu paing 23 Nopember 2019 dumugi minggu 24 Nopember 2019,Pemerintah Desa Seloharjo kadherekaken BPD,Staff lan Camat kecamatan Pundong ,ngawontenakan study banding perkawis BUMDES lan Desa Wisata ing Desa Wonoroto Kecamatan Sukapura Kabupaten Probolinggo Jawa timur, Desa Seloharjo rumaos Desa ingkang enggal bab anggenipun ngelola Bumdes ing pangajab kanthi wontenipun kunjungan kerja punika tan saya nambah wawasan lan pangertosan anggenipun badhe madeg wontenipun BUMDES.
Ing kunjungan kerja punika Lurah Desa Seloharjo dipun tampi langsung Lurah Desa Wonoroto,lan saged paring tanda mata awujud tokoh wayang.Lan Pemerintah Desa Seloharjo ngaturaken panuwun dhateng Pemerintah Desa Wonoroto awit sampun dipun tampi kanthi gumbiraning manah.
Kirim Komentar