UJI PEMENTASAN KETHOPRAK MILENIAL 2019
Warta basa jawi 3 Desember 2019
Ing era milenial kados sak menika temtu sekedhik sanget para mudha ingkang kersa gegulang seni budaya jawi khususipun kethoprak,mila ndadosaken keprihatosan sanget tim pengembangan Kethoprak DIY Bondan Nusantara sak kanca,mila rikala dinten minggu 1 Desember 2019 tim pengembangan makarya sesarengan kaliyan Kundha Kabudayan Prov DIY ngawontenaken uji pementasan ingkang sasap panyeratan naskah 2019 wonten ing TBY. 10 naskah ingkah sasap kala wingi ingkang dipun gelar Grahana bumi perdikan lan Upama.Sedaya paraga lan sutradara saking para mudha se-DIY,Ing pangajab wontenipun uji pementasan menika saged gugah para mudha gegulang seni budaya mliginipun kethoprak. Desa Seloharjo ugi saged ngintun kalih paraga mudha supados ndherek ngregengaken wontenipun pagelaran punika.
Kirim Komentar