NITI BAWAH LURAH DESA SELOHARJO
09 Desember 2019 0 Kali Dibaca Berita Desa

NITI BAWAH LURAH DESA SELOHARJO

Minggu Paing 08 Desember 2019,

 

Lurah Kalurahan Seloharjo Badrun ing dinten minggu paing 08 Desember 2019 niti bawah dhateng pedhusunan Biro Seloharjo. Pikantuk laporanipun warga bilih wonten ing Pedukuhan Biro wonten warga ingkang kasrakat,kaleres yatim piatu lan namung ndherek simbah ipun,ing kalodhangan punika Lurah Kalurahan Seloharjo saged paring bebungah dhateng anak kasebat awujud ayam sepasang kagem pawitan anggenipun gesang lan nglampahi rehning tasih lenggah ing pawwiyatan SLTP ing tlatah Kretek Bantul.

Niti Bawah ing dusun ma dusun sampun asring dipun tindakaken dening Lurah kasebat,awit ngagem cara punika saged ngertos menapa ingkang dipun betahaken masyarakat mboten namung nampi pelaporan kemawon,supados program ingkang dipun paringaken saking Pemerintah langsung migunani dhateng masyarakat.

Kirim Komentar

CAPTCHA Image