BAKTI SOSIAL UPK KECAMATAN PUNDONG
16 Desember 2019 0 Kali Dibaca Berita Desa

BAKTI SOSIAL UPK KECAMATAN PUNDONG

Senin 16 Desember 2019,

Warta basa jawi,

UPK Kecamatan Pundong ingkang dipun wakili Camat Kecamatan Pundong Nanang Dwi atmoko S,os paring pambiyantu dhateng warga Dermojurang ingkang kekirangan toya.

Wanci ketiga ingkang dangu temtu ndamel susahipun warga,mila ing tahun 2020 ing pangajab PAMSIMAS mugi enggal kaleksanan ing dusun punika,awit menika sanes bencana nanging sampun kabetahan saben dintenipun.

 

Ing wekdal punika UPK saged paring pambiyantu 6 tangki toya kagem warga Dermojurang ingkang dipun tampi langsung dening Ketua RT 03 lan sak perangan warga,awit naminipun warga ngaturaken panuwun awit sampun dipun paringi pambiyantu toya menika.

 

 

Kirim Komentar

CAPTCHA Image