SRAH PANAMPI MAHASISWA UMY 2020
Senin Legi ,06 Januari 2020
Warta basa jawi,
Pemerintah Kalurahan Seloharjo sampun napak astani makarya sesarengan kaliyan Universitas Muhammadiyah Yogyakarta.
Saben tahunipun mesthi ngintun para siswa ingkang KKN wonten ing wewengkon Kalurahan Seloharjo.
Menika ugi wujud lan bukti bilih Pemerintah Kalurahan nggatosaken sanget kagem kemajengan warga ing Dusun,kanthi lumantar para mahasiswa ingkang sinau wonten ing Pawiyatan inggil UMY menika saking masyarakat saged pikantuk seserepan,lan saking para Mahasiswa ugi saged pikantuk pengalaman wonten ing masyarakat.
DPL UMY 2020 Hery ,ngendikaaken bilih mahasiswa kedah saged nyerep ngelmu lan pengalaman ing Dusun,awit sak mangkenipun temtu bade nyawiji ugi dhateng masyarakat.
Srah lan panampi mahasiswa UMY dipun srahaken DPL UMY Hery lajeng dipun tampi Pemerintah Kalurahan Seloharjo Sudarminto S.pd .
Kirim Komentar