Lampor Segara Kidul
09 Maret 2020 1 Kali Dibaca Berita Desa

Lampor Segara Kidul

Senin Wage 09 Maret 2020

Saben mangsa rendheng miturut carios simbah rumiyin saben ajeng banjir mesthi wonten swanten ingkang gembruduk ing sak pinggiring lepen opak ,kawiwitan saking sisih ler napa dènè kidul.Ananging ugi wonten ingkang mastani menika swanten lampor utawi bala kanjeng ratu kidul miyos saking segara kidul  tumuju gunung merapi menapa dènè sewalik ipun.

Wallahualam,menika temtu dados mitos piyambak piyambak miturut para sepuh rumiyin,mila tinimbang kebak ing pitakenan sumangga katuran rawuh ing societet taman budaya Yogyakarta dinten rebo 11 maret 2020 jam 19.30 mriksani pagelaran Kethoprak rebon kanthi lampahan Lampor Segara Kidul.

Kirim Komentar

CAPTCHA Image