Mangsa Rendheng
09 Maret 2020 0 Kali Dibaca Berita Desa

Mangsa Rendheng

Senin Wage 09 Maret 2020

Mangsanè wus ngancik rendheng,pra kadang tani sengkut gumregud anggone olah tetanen.Mangsa rendheng uga bisa nuwuhakè kabegjan uga bisa nuwuhakè kasangsaran.

Begja tumrapè pra warga kang kasatan toya,ananging kasangsaran uga yen nganti ngluwihi kabutuhanè.

Gegodhongan wus katon ijo,semi ngrembaka,tetuwuhan wus tuwuh kanthi subur,ananging uga kudu waspada marang banyu udan kang tumiba jalaran udan kang campur angin temtunipun nggawa kasangsaran marang warga,mila kita suwun tansah waspada wontenipun prahara vanjir menapa dènè siti longsor,ampun ngantos nendra kanthi sekèca lan lena merga kirang ing waspada.

Kirim Komentar

CAPTCHA Image