Sugeng Enjang Seloharjo
Wancinè wus gagad enjang,nadyan sang bagaskara durung arsa jumedhul merga kinemulan mendhung nanging tekad lan anteb aja nganti ilang,pupus,memeng merga hawa adhem ing mangsa rendheng.
Udan wus saya ajeg,lelara pada teka kang maneka warna sing di rasakke,sing baku waspada aja lena,papan kang bisa ngundang saranging lelara / nyamuk kudu di sirnakkè.Bak utawa kolah kudu ajeg dikuras,dimen nora kanggo papan ngrembakanè nyamuk.
Mangga njagi kesarasan badan kita kanthi tansah reresik sak kiwa tengen kita.
Sugeng enjang sugeng ngayahi karya
Senin wage 09 Maret 2020
Kirim Komentar