SELAMAT HARI RAYA NYEPI 1942
25 Maret 2020 0 Kali Dibaca Berita Desa

SELAMAT HARI RAYA NYEPI 1942

Seloharjo 25 Maret 2020

Dumateng warga Hindu Dharma Nusantara sakmeniko ambal icaka warsa 1942 nindakaken Catur Brata utawi Penyepian,Jumboh kalian kahanan sak menika sederek hindu sami mundi dawuh wonten ngarsanipun Pengeran mboten sanes anamung kagem nyedakaken dumateng Gusti Kang Akaryo jagad gede menopo dene jagad alit,Catur Brata ingkang pun lampahi injih punika;

  • Amati Geni ( mateni geni hawa napsu lan amarah)
  • Amati Karya ( nglereni sak kabehing pakaryan rutin)
  • Amati Lelungan( mendel wonten griya mboten kesahan badanipun,pikir lan manah)
  • Amati Lelanguan ( nglereni sak wernane hiburan utawi kesenengan )

Sedaya punika wau supados saged reresik badan lan manahipun supados gembleng anggenipun manembah dumateng pengeran kanti laku laku menika wau,mugi sedaya tansah pinaringan kawilujengan nir bahaya nir ing sambikala kalis saking rubeda.

Kirim Komentar

CAPTCHA Image