AJINING BANGSA SAKA BUDAYA
28 Maret 2021 Administrator 0 Kali Dibaca Berita Desa

AJINING BANGSA SAKA BUDAYA

Minggu Pon 28 Maret 2021

Maneka warna Budaya ,adat lan tradisi ing tengahing masyarakat Indonesia, nanging tan di keparengake lali marang adat lan budayane dhewe, ing satemah sansaya kuncarane Bangsa lan negara amarga jejeg ngeluri Budaya kang wus karipta dening para leluhur Bangsa.

Ana tetembungan ajining dhiri saka lathi,ajining raga /salira merga Busana. Kalurahan Seloharjo kang wus ditetepake minangka Kalurahan Budaya ,sak kamat-kamat njejegake Budaya kang wus turun temurun ,aja nganti sirna merga kagawa ombaking jaman. Aja lena merga jaman sansaya maju,  tantanganing para mudha sansaya abot, Budaya manca wus padha di tenganake, nganti lali marang Budayane dhewe. Eling lan waspada iku kudu ! Lik kinilikan murih lestarining Budaya Jawa gagrak Ngayogyakarta.

 

 

Kirim Komentar

CAPTCHA Image