Umbul Donga Ing Sasi ruwah
Saben sasi ruwah adat saben warga masyarakat ngenengake dhekahan ( sedhekah/ambengan ) umbul donga marang leluhur kang wus kasedan jati,ruwah saka tembung arwah. Umbul donga pinuwunwn marang gusti merga awit paringipun gusti,lan panyuwunan muga adoh saka rubeda nir ing sambekala.
Ambengan ing sasi ruwah disranani kenthi nggawe apem yen ing arab "afwan" kang mengku teges nyuwun ampunan marang Gusti, Ketan minangka lambang ing sesrawungan supaya rumaket ing satemah nuwuhake kekadangan kang becik , kolak minangka kanggo ngilingake antarane menungsa lan sing gawe urip utawa hablumminallah. Adat lan tradisi kaya mangkene iki yen ora di uri uri bakal sirna merga lakuning jaman,kang wus kalah marang adat tradisi saka manca.
Kaserat ing Seloharjo, 29 Maret 2021
Kirim Komentar